Nanging ingkang nemtokaken malih inggih punika anggepanipun para warga lansia piyambak. Wonten kalih pamanggih saking warga lansia sesambetan kaliyan anggenipun dados lansia punika. Pamanggih ingkang sepisan, punika pamanggih ingkang negatif. Anggepan ingkang negatif punika mastani bilih usai lanjut/ lansia/ adiyuswa punika satunggaling penyakit, mila lajeng nganggep bilih usia lanjut punika mesti gegandhengan tiyang ingkang sakit. Gandheng anggepanipun mekaten, mila para lansia langkung kathah ngginakaken wekdalipun kangge ngaso, aras-arasen menawi bandhe nindakaken rupi-rupi kegiyatan lan pedamelan. Kala wingi ngraosaken sukunipun gatel, dinten punika ngraosaken boyokipun pegel. Sajatosipun taksih saged masang benik ingkang copot, taksih saged damel teh, taksih saged nggirahi ageman, nanging pilih dhawuh dhateng para putra utawi wayah. Saleresipun taksih saged tindak piyambak dhateng Gereja, nanging mundhut supados dipun dherekaken.. Ingkang langkung runyam malih menawi para lansia nganggep bilih piyambakipun punika samangke dados tiyang ingkang remeh, mboten saged punapa-punapa malih. Piyambakipun tansah nggetuni dhateng mangsa kapengker ingkang dados kenangan pahit kemawon. Mboten nggadahi raos bangga tumrap dhirinipun, malah badhe lingsem menawi tiyang sanes mangertosi bilih samangke dados lansia. Menawi sampun mekaten lajeng tuwuh raos mboten remen dhateng dhirinipun piyambak, lajeng dados sengit dhateng dhirinipun piyambak. Anggepan ingkang kados mekaten wau badhe nuwuhaken pratingkah rupi-rupi inggih punika:
- Langkung remen miyambak.
- Gampil seling sera, kathah prekawis dipun tafsiraken klentu/ negatif. Upami mboten dipun ajak mlampah-mlampah, rumaosipun sampun mboten dipun sayang. Lajeng dados gampil nesu, jengkel lan cepet nglepataken tiyang sanes.
- Nyuwun supados dipun tresnani lan dipun gatosaken searta dipun gematosi sacara mirunggan.
- jam 05.00 enjing sampun tangi tilem lajeng gerak badan.
- Wanci sonten resik-resik kebon.
- Mirengaken radio santapan rohani, maos buku-buku rohani lan kitab suci.
- Ndhatengi kempalan Panyuros Kitab Suci, bidston, tindak Gereja lan taksih aktif tumut kegiatan Gereja.
- Dhateng pundi-pundi taksih mbudi daya piyambakan.
- Mboten nate rumaos nganggur, wonten-wonten kemawon ingkang saged dipun tindakaken. Pokokipun gesang punika kathah kesibukanipun lan ingkang migunani.
Kosokwangsulipun warga lansia ingkan nggadhahi anggepan positif dhateng dhirinipun punika ibaratipun ningali kaca cendhela. Ningali menjawi, ngeneraken kawigatosanipun dhateng gesanging sesaminipun. Ingkang ngisi wekdalipun dados lantaran berkat dhateng tiyang sanes. Patrapipun lansia ingkang kados mekaten wau saged ngraosaken kaendahaning gesang. Ing nalika mangsa anemipun nggadhahi gesang ingkang migunani, samangsa saksampunipun dados lansia ugi taksih kepengin dados tiyang ingkang migunani, jumbuh kaliyan suraosing Kitab Suci Jabur Mazmur 92: 15a "Sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe". Pramila cetha sanget, estunipun Gusti ngersakaken sadangunipun kita gesang ing alam praja peparingipun Allah punika, sanadyan yuswa sangsaya sepuh lan kekiyataning raga sangsaya suda lan ringkih, ananging paseksining iman tumrap kasaenan, kaadilan, pangrimat sarta katresnanipun Gusti Allah dhateng piyambakipun, inggih dhateng umat sajagad kedhah tansah dipun giyar-giyaraken, minangka tuladha tumrap ingkang taksih anem.
Kekiyataning badanipun lansia pancen sampun suda lan saged dados pepalang, nanging kekiyatan ingkang sampun suda punika ibaratipun gumpalan mega wau, ing wanci sonten katingal asri amargi kasorot ing surya ingkang badhe angslup njalari jumedhulipun pemandangan senja ingkang endah sanget. Dados sanadyan sampun ngancik ing usia senja/ lansia/ adiyuswa, nanging taksih tetep katingal kaendahanipun lan tetep migunani kangge sesami, langkung-langkung kagem Gusti Allah.
(Litbang - P. J. GKI Boyolali)